Selasa, 14 Januari 2020

Bab 2 kelas XII Alam Sawegung


                                         

           Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening pugeran timantu.Cacahe larik,cacahe wanda,cacahe pada,tembung-tembung kang dipilih,lan surasane kabeh merdika utawa bebas.Gumathung net atine kang nggurit.Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) timantu,uga ana kang biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
            
              Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
a. Maca kanthi premati,yen perlu dibolan-baleni
b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine,banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//) 
c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh.Bisa tegese lugu,entar,utawa lambang.
d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.

          Menawa cara-cara kasebut wis klakoni,mesthi bisa kotemokake isine geguritan.kanthi mentes,apik,endah,mengkono,para siswa banjur biso menehi panemu.Panemu iku bisa setuju (sarujuk),bisa ora setuju,bisa nyengkuyung,lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).

Apa Bedane
dening Sudi Yatmo

Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati

apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

lha opo bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njubuhake karo kahanane bebrayan

     Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan.Ana kang nggambarake rasa bungah,rasa sedhih,nggrantes,utawa malah nggambarake rasa serik kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

      Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan,perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.

a. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
b. Ngutamake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
c. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
d. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

Bab 9 kelas X Panganan Tradisional Jawa

Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata Coto kan konro ing Makasar, rendhang ing Padhang, lan sapanunggale.

A. Maca lan nanggepi teks


                                           
Tumpeng

          Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh brining wangan bucu; amarga saka kuwi banjir diarani sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep iga digunakake sega putih biasa Utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan jajanan.

B. Nemokake nilai-nilai kang Kamot ing teks


Babagan kang kudu digatekake yaiku :
✓ tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa putih;
✓ tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih
✓  tumpeng minagka simbul keslametan, kesuburan, lan kesejahteraan;
✓ tumpeng kang lancip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta pengarep-arep supaya urip munggah lan ndhuwur.

C. Mbedhah Isinen Teks

                                         

Sumpil

         Sumpil yaiku salah satunggaling jajanan khas Jawa Tengah ingkang biyasanipun namung asring dipunpanggihaken kala wonten tradisi Weh-wehan ing Kaliwungu, Kendal.
        Jajanan niki keningal kados ketupat, nanging ukurane langkung alit uga nggadhahi bentuk segitiga. Tekstur saking Sumpil niki sami kaliyan ketupat yaiku padat uga empuk. Jajanan ingkang nduwe nami Sumpil niki asalipun saking nami setunggal kewan sawarni siput ingkang kathah dipunpanggihi ing lepen. Kewan kesebat lebet basa Jawi nduwe nami Sumpil ingkang nduwe bentuk kerucut. Saking ukuran uga bentuk kewan niki hampir sami, akhiripun jajanan ingkang setunggal niki dipunsukani nami Sumpil.


Isine teks ing ndhuwur, yaiku :


✓ Sumpil minangka simbul kesejahteraan 

✓ Sumpil biasane kanggo weh-wehan ing Kaliwungu Kendal
✓ Sumpil wujude segitiga kan isine padatan empuk

Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA

https://www.bukusemu.my.id/2019/02/teks-deskripsi-sumpil-bahasa-jawa.html?m=1


Bab 7 kelas XII Budaya Wewaler

           Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kadhaningliyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kepercayaan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prakara sing dianggep mbebayani iku.


Gugon tuhon 
  1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukreta.
  2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.
  3. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.
 Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kulawarga, lan kadonyan.

Pituduh

  1. Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa
  2. Pituduh kang magepokan karo rohani
  3. Pituduh magepokan karo kamanungsan
  4. Pituduh kang magepokan kang kabangsan
  5. Pituduh kang magepokan kang kulawarga
  6. Pituduh kang magepokan kang kadonyan
Wewaler

  1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
  2. Wewaler kang magepokan karo rohani
  3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
  4. Wewaler kang magepokan kang kabangsan
  5. Wewaler kang magepokan kang kulawarga
  6. Wewaler kang magepokan kang kadonyan

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

Senin, 13 Januari 2020

Bab 5 kelas XI Nyinau Kagunan Jawa



                Basa Jawa iku Urip mula Jawa tansah owah, Amarta titikane apa wae kang Urip iku mesthi owah. Basa Jawa biyen mung nganggo tembung-tembung Jawa, saya suwe saya kalebon tembung-tembung manca. Tembung-tembung mau akeh-akehe saka basa Arab lan basa Inggris. Kanggo ngawekani panulise tembung-tembung manca kang ora ana Tembung Jawane, kira-kira taun 1996 kawetokake pranatan panulise aksara Jawa lumantar Yayasan Pustaka Nusatama. Ing Kana salah sawijine bab ngandharake anane aksara rekan lan aksara pasangane.
Aksara rekan iku ana lima, yaiku :



A. Tuladha aksara rekan

B. Nulis paragraf aksara Jawa kang ngemu aksara rekan

         Nulis paragraf aksara Jawa iku padha Karo nulis ukara disambunh-sambung. Kang perlu digatekake, menawa nulis ukara Jawa kudu diwiwiti nganggo adeg-adeg lan dipungkasi nganggo padha pada lungsi, nanging yen nulis ukara sajrone paragraf, ora perlu saben ukara dimiwiti nganggo adeg-adeg, kajaba ukara sepisan wae.

                                           

                                 Adeg-adeg
              
                                           

                                     Lungsi

Bab 3 kelas XI Sukur marang Gusti Iku Wajib


       Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh. Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, kan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.

A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah


Sesorah Halalbihalal [1]

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh [2]

Bapak-bapak, ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbekten. Minal aidzin wali faidzin. [3]

Mangga sesarengan Kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring Taufik serta hidayah. [4]

Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaliyan acara "Apura ingapura" utawi "Halalbihalal" Warsa 1437 H menika. [5]

Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker, umat Islam saidenging Nuswantara samua nindakaken shalat ied. [6]

Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin salah muslimah keparengn njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]

Mekaten lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumprap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh. [9]

Saka tuladha ringkes teks sesorah ing duwur, bisa ditemokake ragangan (struktur) baline sesorah, kang nyalip 9 perangan, yaiku :

1. Irah-irahan 
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa Utawa pambuka
5. Wos utawa isine sesorah
6. Andharan wose sesorah (yen perlu)
7. Pengarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9. Salam panutup

B. Nanggapi pokok-pokok isinenteks sesorah
     
          Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang skrip tumindak mung kang sesorah, dene kang ngrungokake ora duwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane wong menehi penemu tumprap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni Utawa sopan. Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa lah sesorah mau. 

C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan

        Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan, wis gumathok, yaiku irah-irahan;salam pambuka; pakurmatan;purwaka basa;wos utawa intine sesorah; andharan wose sesorah;pangajeng-ajeng; wasana basa;lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dhewe.

D. Maca teks sesorah kanthi nyuwara

        Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarta ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan injak napas kang bener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kejaba perkara telu mau ketambah pamulad kang nyumadulur utawa komunikatif.


Mugi-mugi ilmune saged bermanfaat
Matur nuwun

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA