Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata Coto kan konro ing Makasar, rendhang ing Padhang, lan sapanunggale.
A. Maca lan nanggepi teks
Tumpeng
Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh brining wangan bucu; amarga saka kuwi banjir diarani sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep iga digunakake sega putih biasa Utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan jajanan.
B. Nemokake nilai-nilai kang Kamot ing teks
Babagan kang kudu digatekake yaiku :
✓ tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa putih;
✓ tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih
✓ tumpeng minagka simbul keslametan, kesuburan, lan kesejahteraan;
✓ tumpeng kang lancip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta pengarep-arep supaya urip munggah lan ndhuwur.
C. Mbedhah Isinen Teks
Sumpil
Sumpil yaiku salah satunggaling jajanan khas Jawa Tengah ingkang biyasanipun namung asring dipunpanggihaken kala wonten tradisi Weh-wehan ing Kaliwungu, Kendal.
Jajanan niki keningal kados ketupat, nanging ukurane langkung alit uga nggadhahi bentuk segitiga. Tekstur saking Sumpil niki sami kaliyan ketupat yaiku padat uga empuk. Jajanan ingkang nduwe nami Sumpil niki asalipun saking nami setunggal kewan sawarni siput ingkang kathah dipunpanggihi ing lepen. Kewan kesebat lebet basa Jawi nduwe nami Sumpil ingkang nduwe bentuk kerucut. Saking ukuran uga bentuk kewan niki hampir sami, akhiripun jajanan ingkang setunggal niki dipunsukani nami Sumpil.
Isine teks ing ndhuwur, yaiku :
✓ Sumpil minangka simbul kesejahteraan
✓ Sumpil biasane kanggo weh-wehan ing Kaliwungu Kendal
✓ Sumpil wujude segitiga kan isine padatan empuk
Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA
https://www.bukusemu.my.id/2019/02/teks-deskripsi-sumpil-bahasa-jawa.html?m=1


mantap
BalasHapusToppppp
BalasHapusMantul bermanfaat banget
BalasHapusMembantu sekali
BalasHapusBagus banget. Suwun
BalasHapusBagus
BalasHapus